DRAMA BAHASA JAWA
JUDUL:ACARA  KARTINIAN NANG SEKOLAHAN

PEMAIN:
UTARI
ALIF
AMEL
SHARA
DEVI
APIT
HADIRIN


Sinopsis : Pengurus OSIS SMK NEGERI 1 BAWANG arep nganakna acara KARTINIAN tapi ana masalah cilik yakue ana anggota OSIS sing keri sewektu arep rapat. Akibate rapat sempet terhalang, nanging akhire rapat berjalan lancar kaya sing uwis direncanakaken.

Utari : Batir liyane arep ngene jam pira ya? Deneng wis jam telu urung lengkap?
Amel : nyong wis ngabari batir-batir nek ngumpul nang kene jam tengah telu lo, malah pada urung tekan.
(ora let suwe shara, devi, lan apit pada teka)
Utari : kepriwe sih  deneng  jam semene nembe pada teka ?acarane arepan dimulai .
Shara : ngapura ya ut, nyong miki diprentah bu wening kon tukokna mie ayam sing ana nang ngarep sekolahan, dadine nyong Mandan telat meng ngenene.
 Amel : uwis lah, sing penting siki uwis pada kumpul kabeh.
(Utari, Amel, Shara, Devi, lan Apit lunga maring Ruang OSIS. tekan Ruang OSIS,  rapat uwis dimulai)
Hadirin : owalah deneng si pada tembe teka, si kepriwe ? rapate uwis mulai kawit setengah jaman kiye.we
Utari: ngapunten mas hadirin, telat amargi nenggo rencang - rencang kempal
Hadirin: ooo ya uwis ora papa. Pada njagonga
Alif: Saged dipun lanjutaken mas?
Hadirin: nggih monggo
Alif: amargi pengurus osis sampun dugi, monggo kito lanjutaken malih ngrembak acara kartinian ingkang badhe dipun laksanaaken tanggal 21 april.
Alif: acara ingkang badhe dipun laksanaaken: bhakti sosial, lomba miru jarik, lomba masak kagem bapak lan ibu guru lan lomba busana kartini.
Alif: kagem acara bhakti sosial, sedoyo dados tanggung jawabipun Utari lan Amel. Lan kagem acara lomba miru jarik, lomba masak kagem bapk lan ibu guru, lan lomba busana kartini, sedoyo dados tanggung jawabipun shara, apit, lan devi . Monggo ingkang badhe usul.
Utari:menawi bhakti sosial , mangke badhe dilaksanakaken teng desa nopo sekolahan mas ?
Alif : Bhakti sosial badhe dilaksanakaken ing desa gemuruh.
Alif: Monggo kagem Pengurus OSIS enggal - enggal nyusun proposal lan dipun ajukaken dateng Hadirin kangge keperluan anggaran.
Alif : Minggu ngajeng proposal kedah sampun dados lan sampun dipun setujuni kaliyan Pak Aziz
Alif : kulo kinten cekap semanten rapat dinten niki, minggu ngajeng kito sedoyo kempal malih kangge mbahas acara ingkang luwih rinci.
Alif : maturnuwun rawuhipun lan partisipasinipun wassalamu'alaikum wr. wb

0 Responses to " "

About the author

This is the area where you will put in information about who you are, your experience blogging, and what your blog is about. You aren't limited, however, to just putting a biography. You can put whatever you please.